Khutbah Bahasa Jawa : Tiga Faktor Pembentuk Kepribadian

  • Aug 31, 2022
  • Sitirejo Tambakromo
  • BERITA, KEAGAMAAN

الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِأَنْفُسِناَوَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ اللهُ لَهُ نُوْرًا فَمَا لَهُ مِنْ نُوْرٍ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحُمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَاعْبُدُواْ اللّهَ وَلاَ تُشْرِكُواْ بِهِ شَيْئاً وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَاناً وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالجَنبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللّهَ لاَ يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالاً فَخُوراً

Jamaah ingkang Dirahmati Allah
Monggo sami takwa dumateng Gusti Allah kelawan nindakaken perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Mboten kesupen syukur dumateng Gusti Allah, kito aturaken kelawan ngucapaken alhamdulillah keranten siang meniko kito sedoyo saget makempal wonten panggenan lan dinten ingkang minulyo.
Mugi tambah dinten, takwa lan syukur kito dumateng Allah, tambah langkung sahe sahinggo kito ngelampahi perintah lan nebihi awisanipun Gusti Allah, didasari ikhlas lan syukur.
Alhamdulillah siang niki kito tasih diparingi kesehatan lan kesempatan sehinggo purun dugeni panggilan shalat Jumat berjamaah.
Saben dinten Jumat, khatib bola-bali ngimutaken kito supoyo nambahi takwa dumateng Gusti Allah. Mugi ketakwaan kito saben dinten, saben ambekan langkung sae, amin.
Jamaah Jumat ingkang Minulyo
Wonten kesempatan puniko khotib badhe mahosaken setunggaling dawuhipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah ingkang wonten teng kitab Nashaihul Ibad karya Ibnu Hajar al-Asqalani :

كُنْ عِنْدَ اللهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلاً مِنَ النَّاسِ

Artosipun: Dadiyo awakmu wong paling apik miturut Allah, lan dadiyo menungso paling elek menurut awakmu dewe, lan dadiyo menungso biasa menurut wong liyo.
Pesen utawi pitutur meniko penting sanget kangge kito, kagem ndadosi awak kito supados ngajeni tiyang sanes mboten rumongso dadi wong sing paling apik dewe.
Wonten tigo perkoro ingkang kedah dicawisake, nggih meniko; Sepindah. Kito kedah terus ningkatake ketakwaan lan amal sae miturut Allah subhanahu wata‘ala. Jalanaken perintah ugi berusaha sekuat tenaga ngadoh utawi nyegah saking pantangan utawi larangan tuntunan agama. Kelawan mekaten kito termasuk tiyang ingkang sae miturut Allah.
Kaping kalih, Ngrumaosi dados tiyang awon lan kirang amal sholihipun. Mboten ateges rendah diri, namung supados selamet saking ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan).
Kaping tigo, Andap asor (tawadhu’) dateng tyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae, saget nggulo wentah awak dewe niko biasa-biasa mawon, mboten wonten ingkang kedah kito unggulaken.
Jamaah Jumat ingkang Minulyo..!
Syaikh Abdu Qadir Al-Jilani kagungan tips sederhana engkang saget kita tindaaken saben dintenipun:
1.    Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung taqwa, langkung kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun.
2.    Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, kito saget nasehati karo awake dewe, “Bocah cilik utawo bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.”
3.    Sebalikipun, menawi kepanggih tiyang sepuh, dipun nasehati awak kita, “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih akeh anggone paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa lan taat,”
4.    Menawi kepanggih tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun ibadah ugi langkung afdhol lan langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun.
5.    Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki awak kita, “Mungkin wae dewekne salah lan doso mergo ora ngerti (luwih sethithik dosone), sedeng aku salah utowo nglakoni doso kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.” 
Jamaah Jumat ingkang Minulyo..!
Terakhir, Kanjeng Nabi dawuh:

عَنْ شَدَّادِ بْنِ أَوْسٍ، قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: " الْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ، وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ، وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا، ‌وَتَمَنَّى ‌عَلَى ‌اللهِ (رواه أحمد)

Artosipun: Tiyang cerdas lan sukses iku sing iso mbiji awake dewe, beramal kangge urip sakmarine mati. Lan sing diarani wong lemah (apes) yoiku sing nuruti hawa nafsune lan kakean tuntutan marang Allah.(HR Ahmad).
Mugi kelawan coro-coro ingkang dipun wedar kaliyan Syekh Abdul Qadir meniko kito pinaringan gampil ngelampahi gesang wonten dunyo, pinaringan yuswo ingkang sae lan selamet kangge ngisi urip teng alam dunyo meniko. Mugi urip kito barokah, manfaati dateng kito lan keluarga, ugi masyarakat sekitar kito, sahinggo dados sangu naliko ngadep dateng gusti pangeran, amin ya rabbal alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ  وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
خطبة الثاني
اَلحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَمَا اَمَرَ. وَأَشْهَدُ اَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ إِرغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلاَئِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ , أَمَّا بَعْدُ: فَيَا َعِبادَ الله إِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَذَرُوْا الفَوَاخِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بطَنَ وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَخُضُوْرِ الجُمُعَةِ وَالجَمَاعَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالىَ وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَااَيَّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وِسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجمَعِيْنَ, اَللَّهُمَّ وَارْضَ عَنِ الخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الَّذِيْنَ قَضَوْا بِالحَقِّ وَكَانُوْا بِهِ يَعْدِلُوْنَ سَادَاتِنَا أَبِى بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ سَائِرِ أَصْحَابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعِيْنَ وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ٠
اللَهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, اَللَّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَهلِكِ اليَهُوْدَ وَالنَّصَارَى وَالْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اَللَّهُمَّ اَمِنَّا فِى دُوْرِنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ أُمُوْرِنَا وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغَلاَءَ وَالوَبَاءَ والرِّبَا وَالزِّنَا وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بِلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلاَدِ المُسلِمِينَ العَامَّةً يَارَبَّ العَالَمِينَ  رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبادَ الله ! إِنَّ اللهَ يَأمُرُ بِالعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى القُربَى وَيَنْهَى عَنِ الفَخْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُم لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكبَرُ


Khutbah Jum'ah Legi ( 2 September 2022 )

Khotib ( Purwanto )